Rabu, 08 Agustus 2012




sak durunge moco buka'en motomu ojok cuma nggawe perasaan!
dadi ayo saiki monggo belajar ilmiah, ojok cuma iso ndoktrin nek Jancuk iku elek thok!

opo iku JANCUK ?
pasti akeh seng njawab iki :
Jancuk iku Kotor!
Jancuk iku Misuh!
Jancuk iku gak nggenah, elek, kemproh, najis, taek, telek, sak karepmu...

terus opo iku FUCK ?
pasti jawabane yo gak adoh teko seng nang ndukur!

saiki sopo seng ngerti asal-muasale JANCUK karo FUCK muncul ?
95% pasti gak weruh, mek dikandani wong tuwek nek yo wes elek ngunu ae…
5% weruh sa'wise googling, apene takon wong tuwek malah dituturi…

mboh sopo seng mulai ngomong Jancuk, sampe saiki durung ono seng iso njelasno. onok seng ngomong iku boso Arab, boso Londo, boso Cino, tapi seng paling cidek iku Jancuk dipadakno artine karo Ngencuk (bersetubuh) TAPI…TAPI… ojok komentar sek! kata Jancuk iki tambah taon tambah mrene kenek perluasan makna kata. kata Jancuk saiki iso melbu nang macem-macem ekspresi. nek jare Mbah @sudjiwotedjo spektrum Jancuk iku luas, ojok diarti’no cuma kata kotor.
contoh :
- Jancuk, dompetku ilang cuk!
- Jancuk, aku ketrimo snmptn rek!
- Hei Jancuk, yo’opo kabarmu cuk?
- Jancuk, pacarku Selingkuh!
- Jancuk… Jancuk… Jancuk….
pas seneng ngomong Jancuk, pas susah ngomong Jancuk, pas lapo ae yo Jancuk!

seng bener iku JANCUK opo JANCOK seh?
onok seng ngeyel JANCOK ae luwih lego timbang JANCUK, tapi iku mek perasaan ae la’an gak ilmiah. cuma ndelok tekok kata dasare seng dipadakno karo kata Ngencuk, dadi seng bener yo JANCUK, TAPI berhubung logate wong jowo opo maneh logat wong Suroboyo iku nyebut huruf U iso dadi O, yo ojok nyalahno nek berubah dadi JANCOK, iku cuma kenek pelafalan dan logat ae kok, pengen nulis JANCUK monggo, nulis JANCOK yo monggo… gak usah eker-ekeran.

trus saiki opo bedane karo FUCK ?
saiki aku takon opo artine FUCK? Ngencuk? padahal asline Fuck iku gak onok hubungane karo artine Ngencuk. Fuck iku biyen teko singkatan Fornication Under Consent of The King (Hubungan intim telah mendapatkan izin dari raja).
bingung kok singkatane ngunu? 
ngene critane, pas zaman biyen nang enggres iku kabeh aturan diatur rojo, sampek nang urusan nggawe anak/ngencuk! nah gawe seng pengen ngencuk opo nggawe anak iku kudu izin nang rojo, seng oleh izin bakal oleh tondo tulisan FUCK seng ditemplekno nang ngarepe lawang omahe wong seng apene ngencuk iku!
saiki…
kedadeane FUCK karo Jancuk iki podo ae asline, FUCK akhire ngalami perluasan kata seng asale singkatan teko rojo enggres, akhire artine iso dadi Ngencuk, tapi pas jaman saiki kata Fuck iki ngalami perluasan kata maneh, nek gawe wong enggres iku kata seng melok’i “ekspresi” pisan podo koyok Jancuk.
tapi nek ngomong Jancuk karo Fuck iku Duso loh!
sopo seng ngomong duso?
pasti dudu teko awakmu dewe toh?
pasti dudu teko pikiranmu dewe toh?
LEK JAREKU lho yo, Jancuk iku gak duso!
Engko' awakmu iso melbu neroko lho lek misuh Jancuk saben dino!
iki pisan, seng ngomong koyo’ ngene berarti ngalah-ngalahi seng kuoso ae, surgo-neroko dudu menungso seng nentukno, gak mesti yoan wong seng gak misuh iku pasti melbu surgo. 
saiki opo seng nggarai Jancuk iku dadi Duso?
opo gara-gara seng dipada’no karo Ngencuk?
LEK JAREKU Jancuk gak ono hubungane karo Agomo, tapi Jancuk iku cuma masalah ETIKA karo mindset pikiranmu!

saiki aku tau eruh onok celukan gawe dulur wedok nang daerah njobo Suroboyo iku nggawe celukan CUK, trus opo yo iso langsung dianggep duso? ojok berpikiran sempit tah rek! cuma gara-gara di doktrin wong tuwek-tuwek nek Jancuk iku rusuhan, nek Jancuk iku kotor langsung manut ae gak digoleki opo'o kok iso ngunu...



Catetan Penting!
seng jelas awakmu kudu ngerti panggon pas ngomong Jancuk, onok sopo nang kono, koncomu opo wong tuwomu. soale gak kabeh wong iso nrimo nek onok wong seng lambene misah-misuh ae. opo maneh nek dudu arek Suroboyo.
awakmu ngomong Jancuk karo sopo? pas onok sopo? nek nang wong seng luweh tuwek seng gak ngerteni paling-paling mek ditapuk lambemu, lha nek misuhi wong seng ngerti paling yo dibales pisuhan yoan! tapi cobaen nang arek seng sa’pantaranmu, opo maneh koncomu dewe, paling yo dijarno ae, paling malah pisuh-pisuhan. malah ngguyu-ngguyu bareng. saiki cobaen pisan pisuhono wong teko luar pulau opo luar negri paling yo de’e tolah-toleh gak weruh artine...

aku njelasno arti Jancuk kabeh koyo’ ngene dudu nggarai awakmu kudu misuh-misuh saben dino, saben jam, aku mek pengen ngutarakno pendapat.

pas Posoan = Stop Misuh?
sepurane aku dudu wong seng MUNAFIK pisan, gara-gara poso terus aku mandeg misuh, trus pas wes mari posoan misuh maneh! iku berarti aku munafik! 
njogo omongan iku pancen kudu dilakokno kapan ae gak mek posoan, tapi  gak usah dadi wong seng munafik.
seng diarani wong munafik iku termasuk seng rai pabrikan pasar turi tapi pas misuh ngomong Fuck dudu Jancuk! ce’ luwih keren opo sangar ngunu tah? -_-

Tambahan ae iki!
aku sampek saiki kudu ngguyu ae nek onok seng risih nulis utowo nyebut DOLLY. onok seng nulis DOLLY ae kudu onok tondo bintang koyo’ ngene, D*lly / Do**y. nek Fuck dadi F*ck sek iso dingerteni, lha seng Dolly iku lhalapo seh risih ngunu? padahal Dolly iku ngunu asal-muasale teko jeneng pendirine, yoiku Tante DOLLY Van Der Mart. trus opo iyo nek nyebut Dolly iku duso? Tabu? Hash gak usah pikiran sempit rek! koyok iTiL ae -__-

mugo-mugo opo seng ta’tulis iki iso diwoco karo kabeh wong. aku nulis dowo-dowo koyo’ ngene asline yo mek pengen ngelurusno ae ce’ gak salah paham, ce’ gak eker-ekeran, iki ngunu jareku, gak peduli cangkeme wong liyo. soale aku sadar pas nulis iki pasti ono ae wong seng PRO karo KONTRA. soale pancene pendapate uwong iku pancene bedo-bedo, tapi nek gak trimo yo iku urusanmu karo keluargamu! :D

asline lho rek, sumber informasi seng ta’tulis iki ngunu onok kuwabeh nang internet, cuma koen ae seng gak gelem nggoleki karo lebih sreg twitteran ae timbang golek ilmu nang internet... #kalem
sepurane lek bosoku campur-campur, soale aku mek pengen tulisanku gampang di ngerteni...

nedho nrimo dulur :)




sumber: Muhammad Rahmat (admin @aslisuroboyo)

2 komentar:

  1. Mek liwat ae... Mek liwat ae kok aku....

    BalasHapus
    Balasan
    1. hahaha maturnuwun mas ..
      tapi iku kan sudah saya sertakan sumbernya :)
      btw, iku jenenge sampean bener tah? spurane nek salah -_-

      Hapus